|
|
|
| Nangis Ndik Alun-alun |
| Selasa, 04 Januari 2011 08:24 |
Minggu sore wingi Paimo uklam-uklam nang Alun-alun Malang. Tujuane mek sidji kepingin ngilangno pikiran sumpek. Yok opo gak sumpek, perusahaan nggone idrek tutup mergane bangkrut. Ojob ngetem kewut. Sing nggarai sumpek maneh ndik kesak duwek mek kari limang ewu.Paimo lunggoh tenger-tenger ndik tengah alun-alun ambek mripate lirak-lirik ndelok wong sing rokoan, ngombe kopi ambek nakam jajan. ''Enake rek wong -wong iki sik iso ngraksakno urip,'' jare Paimo ndik jero ati.
Sakjane Paimo yo kepingin iso nakam-nakam koyok genaro-negaro liyo sing cangkruk ndik alun-alun. Tapi yok opo maneh, wong kadit unyap ojir. Isone yo mek ndelok ambek ngelek idu ae.
Masio ngono Paimo isik tetep nggibur awake ewed. ''Tujuanku mrene maeng lak golek seneng lha lapo digawe susah,'' tekad e. Trus pikirane digawe ngelamun dadi wong sugih.
Pas enak-enake nglamun, onok gangguan. Moro-moro teko wong nganal kewut lunggo ndik jejere. Lek longo ae sih nggak popo. Sing nggarai pegel, Paijo nangis gulung-gulung ambek nggepuki endase. ''Wah...ngelamun dadi wong ayak ae kok ogak oleh,'' pikire Paimo pegel.
Paimo eling tekade nang alun-alun nggolek hiburan. Mangkane deweko cuek ae. Tapi tambah sue nangise Paijo tambah banter. Nambahi-nambaki sumpek.
"Mbah, sampean iki lapo. Teko nang aluln-alun kok ambek nagis koyok ngene,' Paimo nakoni Paijo.
"Ayas unyap ojob anyar ndhik hamur, sik tas ae tak ibar, umure 30 taun, sik enom, ayu, semlohe, " jare Paijo ambek nangis. "Lho lak enak a sampeyan ini. Wis kewut sik uyap. Ojobe semlohe pisan. Lha lapo sampeyan nangis. Ditinggal tanggim ta,'' jare Paimo.
''Nggak ker.Ojobku setia, masio ayas iki wis kewut ,'' jare Paijo. Paimo tambah bingung. Wis gendeng paling wong iki, pikire.
Ojobku, jare Paijo ambek misek-misek, yo sik ayu, pinter masak. Opo ae kari njaluk. Pingin jangan asem, rawon, sembarang sing enak-enak kari ngomong thok. "Lha kurang opo maneh sampeyan iki. Opo sampeyen wis kadit osi dadi wong nganal maneh lek ingeb. " Masio wis kewut ngene lek telung ronde ae ayas sik kuat. Saben bengi nggak tau let."
"Lha kenek opo sampeyan nangis,'' Paimo tambah penasaran. Ngrungokno takonan itu nangise Paijo tambah banter. Tangane tambah banter ngeplaki endase.
"..... sopo sing nggak bingung .......ayas .... ayas....ayas lali ndik endi omahku ... mulai esuk ayas muter-muter tapi nggak ketemu-ketemu.....,'' jare Paijo. *
|